MAKALAH SINTAKSIS
UKARA TANDUK
DENING:
Rio
astra
2013
A / 13020114010
JURUSAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
Atur Pangiring
Puji
lan syukur konjuk dhumateng ngarsaning Gusti ingkang murbeng dumados, amargi
kanthi rahmad saha hidayahipun saengga makalah ukara tanduk menika saged rampung kasusun.
Makalah
punika, wosipun ngrembag ngengengi ukara tanduk langkung jlentreh. Anggenipun
ngrampungaken makalah menika boten lepad saking panyengkuyung saking Bapak Surana
minangka dosen Sintaksis.
Panyerat nglenggana,
bilih pandhapuking makalah menika kathah ingkang sisip, tebih saking sampurna.
Ingkang punika, panyaruwe saha sumbang surung para lebda, panyerat tansah
ngantu-antu lan ngaturaken gunging panuwun.
Saking kiranging
kasampurnaning makalah menika taksih sumimpen pangimpen lan panganja-anja,
mugi-mugi pamaos saged kaparingan kathah ngelmu saking makalah menika. Matur
Nuwun.
Surabaya, 14 November 2013
Rio Astra
BAB I
BEBUKA
1.1 Lelandhesane
Panliten
Wong
urip mono mesthi duwe gagasan utawa rasa-pangrasa apa bae, kayata bungah,
susah, gumun, kaget, lan sapanunggalane, sok banjur rasa pangrasa iku mau
dibabarake. Saranane nglairake rasa-pangrasa utawa karepe ati iku mau akeh
banget, ana arupa guneman lan sarana tulisan. Nanging neng kene panulis nyoba
ngrembug ngenani ukara tanduk. Ukara tanduk asring diucapke dening para
manungsa. Nanging kepriya dumadine ukara tanduk iku menawa durung akeh sing mahami
utawa ngerteni kanthi gamblang.
Mula
iku panulis nduweni kekarepan nulis makalah iki kanthi jangkep, lan bisa agewe
bahan para kanca-kanca nyinaoni ngenani ukara tanduk.
1.2 Underane
panliten
1. Apa sing diarani
sintaksis?
2. Apa apa sing
diarani gatra (frase)?
3. Apa sing diarani
ukara gatra (klausa)?
4. Apa sing diarani
ukara ?
5. Apa sing diarani
tembung ancer-ancer?
6. Apa sing diarani
tembung kriya?
7. Apa sing diarani
tembung kaanan?
8. Apa sing diarani
tembung aran?
9. Apa sing diarani
ukara tanduk?
10. Sebutna
tuladhane ukara tanduk, sarta jlentrehna analisis ukarane!
1.3 Tujuwane
Panliten.
1. Ngandharake pangertene
ukara tanduk.
2. Ngandharake
ciri-cirine ukara tanduk.
3. Ngandharake
wujud lan analisise ukara tanduk.
BAB
II
1.2.1
Pangertene
Sintaksi
Sintaksis
asale sak basa Walanda “syintaxis”. Ing basa inggris bisa digunakake “syntax”.
Sistaksis yaiku bageyan utawa cabang saka ilmu basa ingkang ngrembag babagan
wacana, ukara, klausa lan frase. (Ramlan, 2001).
Ora
beda teka iku, (Tarigan, 1984) nerangake manawa sintaksis iku salah
sawijining cabang tata basa sing ngrembag structure ukara, klausa uga frase.
1.2.2
Pangertene
gatra (frase)
Gatra
yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih. Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro
utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora
ngliwati wewatesaning jejer apa dene
wasesa.
Frase
miturut kamus Basa Indonesia yaiku panggarbane rong tembung utawa luwih ingkang
asipat nonpredikatif(nonwasesa). Frase yaiku satuane konstruksi saka rong
tembung utawa luwih sing ndadekake siji kasatuan. (Keraf, 1984:138).
Frase
uga duweni teges minangka satuan gramatikal kang bisa arupa panggarbane tembung
sing asipat nonpredikatif, utawa bisa kasebut panggarbane tembung sing bisa
ngisi salah sijine fungsi sintaksis ing sajroning ukara. (Chaer, 1991:222).
Miturut
Prof. M. Ramlan, frase yaiku satuan gramatik sing kadadean saka siji tembung
utawa luwih lan ora ngluwehi wewatesane fungsi utawa jabatane. Tegese,
saakeh-akehne tetembungan, nanging ora ngluwihi wewatesane jejer, wasesa,
lesan, katrangan, lan uga panggenah, yaiku bisa kasebut frase. (Ramlan,
2001:139)
1.2.3
Pangertene
ukara gatra (klausa)
(Kridalaksana,
1982:85),
kalusa yaiku satuan gramatikal arupa tetembungakn sakurang-kurange ana jejer
lan wasesa uga nduweni tujuwan ndadekake ukara.
Teges
padha diterangake kaliyan (Ramlan, 1981:62), klausa yaiku satuan gramatik sing
kadedean saka wasesa, uga bisa diwenehi jejer, lesan, panggenah, lan katrangan
utawa ora. Kanthi ringkes, klausa yaiku (jejer), wasesa, (lesan), (panggenah)
uga (katrangan). Tandha kurung menika bisa ana bisa ora.
Saka
pangertine ing dhuwur, klausa yaiku satuan gramatikal sing unsure-unsure iku
paling ora duweni jejer lan wasesa, lan maksimale duweni jejer, wasesa, lesan,
panggenah uga katrangan.
1.2.4
Pangertene
ukara
Tegesipun
ukara wonten ing Paramasastra Gagrag Anyar Bahasa Jawa (2001:140) yakuwi
“ukara iku mujudake rerangkening tembung kang bisa ngundharake sawijining karep
ganep sabab”.
Saliyane
kuwi, ukara bisa nggadahi teges basa kang bisa ngadeg dhewe, bisa dijlentrehna
dadi rerangkeane tetembungan kang bisa diwenehi tandha intonasi akir lan duweni
klausa. (Dr. Endang Nurhayati, M.Hum &Siti Mulyani, M.Hum, 2006:122).
Ukara
uga diarani wedharing gagasan kang kalairake sarana basa utawa tetembungan,
kang uga kena ditembungake : kumpulaning tembung-tembung kang mangku gagasan,
karep utawa pangrasaning ati kang kalairake. Ukara kang wujuding basa lisan,
dibarengi anane wirama, diselani andhegan, lan kapungkasan pada kang
mratandhani manawa wedharing gagasan iku wus rampung. Mula saka iku, bisa diandharake
manawa ukara iku salah sawijining dhapuring paramasastra kang genep, kang ora
dadi perangan dhapuring paramasastra liyane kang luwih rewa, lan darbe cirri
wirama kang tuntas, kang ngandharake manawa dhedhapuran iku wus rampung. (Rahmad
Subagya, Titi Ukara Basa Jawa, 2011:05)
1.2.5
Pangertene
tembung ancer-ancer
Tembung
ancer-ancer “ing” ana sing kena
dienggo bebarengan karo
tembung “ana”lan
ana sing ora kena ditambahi, tuladhane:
Sing
kena: Nyawang lintang ana ing langit. Sing ora kena: Malinge disuduk ing keris
mandi.
Tembung
ancer-ancer “ingdhusun krajan” klebu tembung ancer-ancer sing kena dibarengi
karo tembung “ana”Padmosoekodtjo,S
paramasastra jawa 1987:127.
Ing kalebu tembung ancer-ancer. Tembung
ancer-ancer uga diarani tembung sasana, yaiku tembung kang dienggo ngancer-anceri
apa-apa mungguh ing : asale, enere, wektune, sababe utawa sasanane (sasana =
panggonan). Tuladha : adhiku lagi mulih
saka Tuban (asal), ambyah nedya menyang alun-alun (acer-ancer), mardikane
Indonesia wiwit ing taun 1945 (wektu), ibu olah-olah ana ing pawon (sasana),
akeh rajakaya sing mati dening banjir (sabab). Purwaning tembung kang dumunung ing saburine tembung
ancer-ancer ‘ing’ kudu diucapake
kanthi mbrengengenging aksara irung ‘n,m,ng, utawa ny, kayata :
tembung apurwa ‘d, dh, t, utawa th,kanthi mbrengengenging ‘n’.
Kayata : ing dalan,unine : ing ndalan, ing dhusun, unine :ing
ndhusun, lsp.Padmosoekodtjo,S
paramasastra jawa 1987:127.
1.2.6
Pangertene
tembung kriya
Tembung kriya
yaiku tembung kang mratelake solah bawa, tumandang gawe. Ana ing ukara, tembung
kriya iku kang mratelake wasesa. Kayata : lungguh,mangan,nggawakake lsp.
1.2.7
Pangertene
tembung kaanan
Tembung watak
utawa tembung kaanan iku tembung kang mratelakake sesipatan utawa kaanane
barang. Kayata : ati drengki, sumini ayu lsp.Patmosoekotjo,S paramasastra
jawa, 1987:114.
1.2.8
Pangertene
tembung aran
Tembung
aran yaiku sing nyebutake pawongan utawa samubarang sing mati. Tembung aran
kapilah dadi loro, yaiku:
-
aran
urip: wedhus, pitik, macan lsp.
-
aran
mati: meja, kursi, omah, lan lsp.
1.2.9
Pangertene
ukara tanduk
Ukara
tanduk yaiku ukara kang kadadeyan saora-orane jejer karo wasesa. Jejer minangka
panindake pakaryan. Jejer bisa saka tembung aran, gatra aran, utawa ukara
gatra. Yen wasesa saka tembung kriya, gatra kriya.
1.2.10 Tuladhane ukara
tanduk:
-
Pak
Eko nyetir mobil kanthi banter.
-
Adhiku
ngumbah sarung neng jedhing.
-
Andi
nggawa tasmu tekan sekolah.
-
Kucinge
Sari nggondhol gerih saka pawon.
BAB
III
ANALISIS
Ukarane : Pak
Eko nyetir mobil kanthi banter.
Analisis
Kategorial
-
Pak
Eko kalebu
gatra aran. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa
luwih. Gatra mujudake gandhenge tembung
tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra,
utawa kang ora ngliwati wewatesaning
jejer apa dene wasesa. Pak Eko kang
kalebu tembung ‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra aran. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127.
Kaya ngene asal usule :
Pak Eko
Pak Eko
Eko kalebu
morfem bebas (tembung aran). Kena
ngapa kok isa kalebu tembung aran (morfem
bebas), kerana bisa madeg dhewe.
-
Nyetir
kalebu
tembung kriya kang kawuwuhan ater-ater N, saka tembung dasar utawa linggane setir kawuwuhan ater-ater N dadine yaiku
tembung nyetir. Saka tembung lingga kuwi mau nduweni guna yaiku ngowahi bakale
tembung setir dadi tembung kriya tanduk kang sawise wes kawuwuhan ater-ater N. Tembung lingga setir iku kalebu jinising tembung aran
nanging sawise kawuwuhan ater-ater N- malih jinise dadi tembung kriya.
Nyetir
Setir N-
Tembung
nyetir saka tembung lingga setir oleh ater-ater N- dadi tembung nyetir sing
nduweni proses afiksasi ing proses morfologine uga kelebu morfem terikat.
-
Mobil
iku kalebu tembung aran. Tembung aran bisa diperang dadi loro, ana aran urip
lan aran mati. Tuladhane aran urip kayata wedhus, pitik, bebek, lan
sapanunggalane. Dene tuladhane aran mati kayata meja, kursi, kasur, lan
sapanunggalane. Cara sing baku gawe nggolongake tembung aran yaiku bisa diwuwuhi
ater-ater dudu-. Tuladhane:
1.
Dudu wedhus
dudu wedhus
dudu wedhus (tembung
aran)
2.
Dudu sapi
Dudu
sapi
dudu sapi
(tembung aran)
3.
Dudu meja
dudu meja
dudu meja
(tembung aran)
-
Kanthi
banter iku kalebu gatra. Gatra yaiku satuan basa kang
kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.
Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora
darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati
wewatesaning jejer apa dene wasesa. Kanthi banter kang kalebu tembung
‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra kaanan. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule
:
kanthi banter
kanthi banter
(tembung kaanan)
kanthi
iku
kalebu tembung pambantu kang nduweni surasa nerangake kaanan (partikel
penegas). Tembung kanthi bisa diwuwuhi tembung kaanan lan tembung kriya.
Tuladhane :
kanthi nyawang
kanthi
(panerang kaanan) nyawang (tembung
kriya)
kanthi lancar
kanthi
(panerang kaanan) lancar (tembung
kaanan)
Analisis Fungsional
Pak Eko nyetir mobil
kanthi banter
1 2 3
4
Pak Eko
kelebu jejer. Jejer iku praboting ukara, kang diandharake, kang digunem, kang
dicritakake kepriye kaanane, lan mobah mosike. Jejer mujudake kalungguhan ing
titi ukara kang dadi bebaku kapindho sawise wasesa. Umume jejer iku arupa
tembung aran, gatra aran, utawa ukara gatra. Ananging jejer uga asring arupa
gatra kriya. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad
Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-
Pak
Eko (gatra aran) tuku pitik neng pasar.
-
Kusnadi
(tembung aran) dolanan gitar neng kamar.
-
Amrih
bisa cepet rampung (gatra kriya) prayoga direntalna wae.
-
Pengin
urip(gatra kriya) kudu makarya dhisik.
Umume
jejer iku mapan ana ing sakiwane wasesa. Nanging yen praboting jejer iku dawa
katandhingake karo praboting wasesa,
jejere asring uga dipapanake ing saburining wasesa. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-
Omah
sing madeg ana pinggire kali sansoyo akeh.
-
Sansoyo akeh omah sing madeg ana pinggire kali.
Jejering
ukara tanduk malih dadi panggenah manawa ukara iku dadi ukara tanggap. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Tuladhane:
-
Pak
Eko
(jejer) nyetir mobil kanthi banter.
-
Mobil disetir Pak Eko (panggenah) kanthi banter.
Kanthi
andharan iku bisa dimangerti manawa jejer iku darbe sipat-sipat:
a.
Dadi prabot bakuning ukara minangka
watesing tebane wasesa kang kapisan.
b.
Madeg dhewe
c.
Kadadean saka tembung aran, gatra aran,
ukara gatra, utawa tembung-tembung kang wis ginawe aran. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Nyetir
kalebu
wasesa. Wasesa yaiku sakabehing tembung utawa gatra kang ngandharake jejer ing
bab pakaryan, solah, obah, tandang, kaanan, sipat utawa wewujudane, lsp.
Wujud
|
Pak
|
Eko
|
nyetir
|
Mobil
|
kanthi
|
Banter
|
Tembung
|
Selulih
|
aran
|
kriya
|
Aran
|
katrangan
|
kaanan
|
Gatra
|
Gatra aran
|
kriya
|
Aran
|
Gatra kaanan
|
Kalungguhan
|
Jejer
|
Wasesa
|
Lesa
|
Katrangan
|
Pandhapuk
|
Panindak
|
tumindak
|
pananggap
|
Pandhapuk sarana
|
Ukarane : Adhiku
ngumbah sarung neng jedhing.
Analisis
Kategorial
-
Adhiku
kalebu
gatra aran. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa
luwih. Gatra mujudake gandhenge tembung
tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra,
utawa kang ora ngliwati wewatesaning
jejer apa dene wasesa. Adhiku kang
kalebu tembung andhahan lan bisa diarani gatra aran. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule
:
Adhiku
Adhiku -ku (tembung sesulih)
Adhi kalebu
morfem bebas (tembung aran). Kena
ngapa kok isa kalebu tembung aran (morfem
bebas), kerana bisa madeg dhewe.
-ku klebu
morfem terikat utawa klitik (clitics) yaiku yang
secara fonologis tidak mempunyai tekanan sendiri dan yang tidak dapat dianggap
morfem terikat karena dapat mengisi gatra pada tingkat frase atau klausa,
tetapi tidak mempunyai ciri-ciri kata karena tidak dapat berlaku sebagai bentuk
bebas. Ada Enklitik dan Proklitik. Kridalaksana, Harimurti kamus
linguistik1983:102
-
Ngumbah
kalebu
tembung kriya saka bentuk lingga umbah kang kawuwuhan ater-ater N, saka tembung
dasar utawa linggane umbah kawuwuhan
ater-ater N dadine yaiku tembung ngumbah. Saka tembung lingga kuwi mau nduweni
guna yaiku ngowahi bakale tembung umbah dadi tembung kriya tanduk kang sawise
wes kawuwuhan ater-ater N.
Ngumbah
N- Umbah
Tembung
ngumbah saka tembung lingga umbah oleh ater-ater N- dadi tembung ngumbah sing
nduweni proses afiksasi ing proses morfologine uga kelebu morfem terikat.
-
Sarung
iku kalebu tembung aran. Tembung aran bisa diperang dadi loro, ana aran urip
lan aran mati. Tuladhane aran urip kayata wedhus, pitik, bebek, lan
sapanunggalane. Dene tuladhane aran mati kayata meja, kursi, kasur, lan
sapanunggalane. Cara sing baku gawe nggolongake tembung aran yaiku bisa
diwuwuhi ater-ater dudu-. Tuladhane:
1.
Dudu wedhus
dudu wedhus
dudu wedhus (tembung
aran)
2.
Dudu sapi
Dudu
sapi
dudu sapi
(tembung aran)
3.
Dudu meja
dudu meja
dudu meja
(tembung aran)
-
Neng
jedhing iku kalebu gatra ancer-ancer. Gatra yaiku satuan
basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih. Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro
utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora
ngliwati wewatesaning jejer apa dene
wasesa. Kanthi banter kang kalebu
tembung ‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra kaanan. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule
:
neng jedhing
neng(ancer-ancer) jedhing(tembung aran)
Neng
iku
kalebu tembung pambantu kang nduweni surasa nerangake ancer-ancer panggonan.
Tembung ancer-ancer bisa digandheng karo tembung aran. Tuladhane:
Neng Jedhing
kanthi (tembung ancer-ancer) jedhing (tembung aran)
neng pasar
neng
(tembung ancer-ancer) pasar (tembung aran)
Analisis Fungsional
Adhiku ngumbah sarung
neng jedhing
1 2 3
4
Adhiku
kelebu jejer. Jejer iku praboting ukara, kang diandharake, kang digunem, kang
dicritakake kepriye kaanane, lan mobah mosike. Jejer mujudake kalungguhan ing
titi ukara kang dadi bebaku kapindho sawise wasesa. Umume jejer iku arupa
tembung aran, gatra aran, utawa ukara gatra. Ananging jejer uga asring arupa
gatra kriya. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad
Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-
Pak
Eko (gatra aran) tuku pitik neng pasar.
-
Kusnadi
(tembung aran) dolanan gitar neng kamar.
-
Amrih
bisa cepet rampung (gatra kriya) prayoga direntalna wae.
-
Pengin
urip(gatra kriya) kudu makarya dhisik.
Umume
jejer iku mapan ana ing sakiwane wasesa. Nanging yen praboting jejer iku dawa
katandhingake karo praboting wasesa,
jejere asring uga dipapanake ing saburining wasesa. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-
Omah
sing madeg ana pinggire kali sansoyo akeh.
-
Sansoyo akeh omah sing madeg ana pinggire kali.
Jejering
ukara tanduk malih dadi panggenah manawa ukara iku dadi ukara tanggap. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Tuladhane:
-
Pak
Eko
(jejer) nyetir mobil kanthi banter.
-
Mobil disetir Pak Eko (panggenah) kanthi banter.
Kanthi
andharan iku bisa dimangerti manawa jejer iku darbe sipat-sipat:
o
Dadi prabot bakuning ukara minangka
watesing tebane wasesa kang kapisan.
o
Madeg dhewe
o
Kadadean saka tembung aran, gatra aran,
ukara gatra, utawa tembung-tembung kang wis ginawe aran. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Adhiku kalebu
wasesa. Wasesa yaiku sakabehing tembung utawa gatra kang ngandharake jejer ing
bab pakaryan, solah, obah, tandang, kaanan, sipat utawa wewujudane, lsp.
Wujud
|
Adhi
|
ku
|
ngumbah
|
sarung
|
neng
|
jedhing
|
Tembung
|
Aran
|
selulih
|
kriya
|
Aran
|
Ancer-ancer
|
aran
|
Gatra
|
Gatra aran
|
kriya
|
Aran
|
Gatra kaanan
|
Kalungguhan
|
Jejer
|
Wasesa
|
Lesan
|
Katrangan panggon
|
Pandhapuk
|
Panindak
|
tumindak
|
pananggap
|
Panggonan
|
Ukarane : Andi nggawa
motorku saka sekolah.
Analisis
Kategorial
-
Andi
kalebu
tembung aran. Tembung aran bisa diperang dadi loro, ana aran urip lan aran
mati. Tuladhane aran urip kayata wedhus, pitik, bebek, lan sapanunggalane. Dene
tuladhane aran mati kayata meja, kursi, kasur, lan sapanunggalane. Cara sing
baku gawe nggolongake tembung aran yaiku bisa diwuwuhi ater-ater dudu-.
-
Nggawa
kalebu
tembung kriya saka bentuk lingga gawa kang kawuwuhan ater-ater N, saka tembung
dasar utawa linggane gawa kawuwuhan
ater-ater N dadine yaiku tembung nggawa. Saka tembung lingga kuwi mau nduweni
guna yaiku ngowahi bakale tembung gawa dadi tembung kriya tanduk kang sawise wis
kawuwuhan ater-ater N.
Nggawa
N- gawa
Tembung
nggawa saka tembung lingga umbah oleh ater-ater N- dadi tembung nggawa sing
nduweni proses afiksasi ing proses morfologine uga kelebu morfem terikat.
-
motorku
iku kalebu gatra aran. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung
utawa luwih. Gatra mujudake gandhenge tembung
tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra,
utawa kang ora ngliwati wewatesaning
jejer apa dene wasesa.
Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Tuladhane:
Wedhusmu
Wedhusmu
Wedhus (tembung aran) -mu (sesulih)
Topiku
topi (tembung aran) -ku (sesulih)
-
Saka
sekolah iku kalebu gatra ancer-ancer. Gatra yaiku satuan
basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih. Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro
utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora
ngliwati wewatesaning jejer apa dene
wasesa. Kanthi banter kang kalebu
tembung ‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra kaanan. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule
:
saka sekolah
saka (tembung
ancer-ancer) sekolah (tembung
aran)
Saka
iku
kalebu tembung pambantu kang nduweni surasa nerangake ancer-ancer panggonan.
Tembung ancer-ancer bisa digandheng karo tembung aran. Tuladhane:
Saka Jedhing
saka (tembung ancer-ancer) jedhing (tembung aran)
saka
pasar
saka
(tembung ancer-ancer) pasar (tembung aran)
Analisis Fungsional
Adhiku ngumbah sarung
neng jedhing
1 2 3
4
Adhiku
kelebu jejer. Jejer iku praboting ukara, kang diandharake, kang digunem, kang
dicritakake kepriye kaanane, lan mobah mosike. Jejer mujudake kalungguhan ing
titi ukara kang dadi bebaku kapindho sawise wasesa. Umume jejer iku arupa
tembung aran, gatra aran, utawa ukara gatra. Ananging jejer uga asring arupa
gatra kriya. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad
Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-
Pak
Eko (gatra aran) tuku pitik neng pasar.
-
Kusnadi
(tembung aran) dolanan gitar neng kamar.
-
Amrih
bisa cepet rampung (gatra kriya) prayoga direntalna wae.
-
Pengin
urip(gatra kriya) kudu makarya dhisik.
Umume
jejer iku mapan ana ing sakiwane wasesa. Nanging yen praboting jejer iku dawa
katandhingake karo praboting wasesa,
jejere asring uga dipapanake ing saburining wasesa. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-
Omah
sing madeg ana pinggire kali sansoyo akeh.
-
Sansoyo akeh omah sing madeg ana pinggire kali.
Jejering
ukara tanduk malih dadi panggenah manawa ukara iku dadi ukara tanggap. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Tuladhane:
-
Pak
Eko
(jejer) nyetir mobil kanthi banter.
-
Mobil disetir Pak Eko (panggenah) kanthi banter.
Kanthi
andharan iku bisa dimangerti manawa jejer iku darbe sipat-sipat:
o
Dadi prabot bakuning ukara minangka
watesing tebane wasesa kang kapisan.
o
Madeg dhewe
o
Kadadean saka tembung aran, gatra aran,
ukara gatra, utawa tembung-tembung kang wis ginawe aran. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Adhiku kalebu
wasesa. Wasesa yaiku sakabehing tembung utawa gatra kang ngandharake jejer ing
bab pakaryan, solah, obah, tandang, kaanan, sipat utawa wewujudane, lsp.
Wujud
|
Adhi
|
ku
|
ngumbah
|
sarung
|
neng
|
jedhing
|
Tembung
|
aran
|
selulih
|
kriya
|
Aran
|
Ancer-ancer
|
aran
|
Gatra
|
Gatra aran
|
kriya
|
Aran
|
Gatra kaanan
|
Kalungguhan
|
Jejer
|
Wasesa
|
Lesan
|
Katrangan panggon
|
Pandhapuk
|
Panindak
|
tumindak
|
pananggap
|
Panggonan
|
BAB
IV
PANUTUP
1.
Dudutan
Saka andharan ngenani ukara tanduk
bisa dijupuk dudutan yen
KAPUSTAKAAN
Adipitoyo, Sugeng, 2011. Morfofonemik Bahasa Jawa. Surabaya:
Citra Wacana
Antunsuhono, 1953. Paramasastra Djawi. Jogjakarta: Soejadi.
Poerwadarminta, W.J.S., 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djkarta:
Noordhoff Kolff.
Padmosoekotjo, S., 1986. Paramasastra Jawa. Surabaya: Citra Jaya
Padmosoekotjo, S., 1926. Wewaton. Surabya: Citra Jaya Murti
Sudaryanto, Ed., 1991.Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Jogjakarta:Duta
Wacana University Press
Pedjosoedarma,dkk., Soepomo,1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat
Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.