Minggu, 11 Januari 2015

proses latiyan karawitan



hallo Mas/mbak tepangaken nami kula Rio Astra. cerita iki tak alami nalika aku lan kancaku isih semester 3 nek saiki wes semester 4. aku sak kanca-kancaku iku jurusan pendidikan basa lan sastra jawa sing ana neng Fakultas Bahasa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya. wiwit latiyan karawitan semester 2. aku biyene ya gak cetha apa iku jenenge alat gamelan jawa.
contone kaya demung, saron, peking, bonang babok, bonang penerus, lan liya-liyane. nanging nalikane ngancik semester 3 aku wis ngerti piranti gamelan siji baka siji. Gamelan kuwi piranti musik sing diduweni wong jawa. unine sing kalem isa nreyuhake atine sapa wae kang ngrungokake. genre sajroning karawitan ya beda-beda, ana sing kalem ana uga sing ngbit, kaya ta lancaran. jinis lancaran daksinaoni ning semester 3, sabanjure ana sekaran. bonang babok lab panerus awit ngrasa kabingungan, merga tangan - tangan kudu imbalan. ee ancene isih sinau ya kaya ngono iku kahanane sing tak paling tak senengi suarane peking sing melambung nduwur neng udara tan saya tipis suwarane. subhanallah.. :)
kula minangka ketua kelase, wayah latiyan karawitan iku pancen susah ngatur arek akeh. soale kenapa wayah jam e latiyan ana sing tekane telat ana sing gak urusan. kadang gelem budhal latiyan wayah nabuh gamelane iku wajah e bad mood. nanging alhamdulilah wektu shotingan tugas saking dosen dikon garap lagu Karyane kanca sakelasku lan lagu sing wes dadhi karangane wong liya kayata aja dipleroki, lesung jumengglung, jago kluruk lan liya liyane ya ora mung gampang ancene bocah isih latiyan dadhi hasile ya ra apik nanging ya lumayan neng kelas 2013 A ora kabeh nduwe bakat neng seni ya ana sing latiyan wiwit 0 sampe limayan isa. komitmen, kebersamaan, lan solidaritas keluwargaku 2013  A bisa ngerampungake tugase sae kanthi ora ana alangan punapa ke mawon.
nek kepengen ndeleng klik Youtube Sanggar Bharada 2013 A. Vidione saged di tingali  klik Unesa PBS Shanggar Bharada 2013 A - Jebule lara. Matur agunging samudera pangapsami.!!

2 komentar: