Contoh Teks pidato ruwatan sukerta dalam bahasa jawa
Assalamualaikum
wr.wb
Nuwun...
Para sepuh
para adi sepuh ingkang sampun pana ing pamawas miwah labda ing pitutur.
Para
satriyaning nagari ingkang dados pandam pandaming kawula dasih.
Ugi Ingkang dahat kinurmatan dhumateng
panjenenganipun Bapak lurah Sunoto Sp.d,ingkang sampun kersa paring sasana lan
palenggahan wonten ing adicara menika.
Ugi mboten
kasupen sedaya para pirawuh kakung sumawana putri ingkang mahambeg dharma asung
kridha wonten ing pawiwahan agung menika.
Sugeng
siyang..
Karaharjan,katentreman,karahayon,saha
kamulyan sih nugrahaning Gusti Allah ingkang akarya loka mugya tansah kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sedaya delasan kula,kacihna kula lan panjenengan
sami saget manunggal wonten ing pawiwahan agung inggih punika adicara ngudi tradisi
ruwatan sukerta ing desa pilangsari kecamatan kalitidu kabupaten bojonegoro.
Kayun
kayuning suci kayun kayuning kalbu ...duh Allah
pangeran kula, mugya paring
kabagyan karaharjan dumateng panutan kawula sang yang suryaning jagat kangjeng
nabi agung muhammad saw. ingkang sampun mbekta dhumateng kula lan panjenengan
sami tumuju margining kahutaman.
Bapak ibu
ingkang dahat kinurmatan.
Sagunging
ingkang sampun kepareng rawuh,amit pasang kaliman tabik kula pun Rio Astra mijil
Kec : Kaltidu Kab : Bojonegoro. Kula niki saking desa ngujo kec kalitidu kab
Bojonegoro. ingkang sakmangke ngangsu kaweruh jurusan
Pendhidhikan Basa Jawi FBS UNESA. ngaturaken agunging panuwun dhumateng
panjenengan sami ingkang sampun kersa rawuh minangkani sarini serat lan sedhahan
saking kawula kangge lumampahipun adicara menika.
Selajengipun
Kula sowan ing ngriki badhe matur babakan Ayo nglastantunaken tradhisi ruwatan
sukerta ing Tlatah Bojonegoro.
Bapak lan ibu ingkang kula kormati Matur
agunging panuwun. Dhumateng para rawuh igkang sampun kersa rawuh ing papan
Balaidesa Pilangsari ngriki.
Sampun dipun
mangertosi,bilih ruwatan menika
tegesipun ngresiki utawi angicali
sukerta,nyuciaken manungsa saking kesusahan batin kanthi ngawontenaken upacara ingkang dipun kanti nanggap wayang
purwa, kanthi lampahan ‘’Murwa kala’’ ruwatan menika swijining upacara adat
jawa ingkang ancasipun angicali manungsa saking bebaya,dening ingkang dados
ancas mligi wontenipun upacara ruwatan menika sejatosipun nyenyuwun utawi
ndonga maring Gusti allah.ing pangajap sageta dipun tebihaken saking balak
godha lan rancana . Ugi ndonga nyuwun
pangapunten saking dosa-dosa lan kaluputan ingkng sampun kalampahan. Ingkang saged
nyebabaken bancana utawai badhe nuwuhaken
balak.
Dening tata
titi laksitaning adicara upacara ruwatan inggih menika nanggap ringgit purwa
kanti ‘’purwakala’’ ki dhalang mangarsa wontenipun upacara cukur rikma lan
siraman. Ingkang nyukur inggih menika katindaaken dening tiyang
sepuhipun ingkang dipun ruwat,ugi dipun lajengaken upacara siraman. lajeng
rambut ingkang sampun dipun cukur saget dipun larung sesarengan kaliyan sesajen
ingkang sampun dipun cawisaken.
Wonten ing
wekdal samangke kathah sanget cara cara ingkang kangge ruwatan sukerta,wonten
ingkang cekap kanti donga saking para winasis, wonten ingkang ngangge tanggapan
ringgit lan sakpanunggalanipun.
Dening tata
titi laksitaning adicara upacara ruwatan inggih menika nanggap ringgit purwa
kanti ‘’purwakala’’ ki dhalang mangarsa wontenipun upacara cukur rikma lan
siraman. Ingkang nyukur inggih menika katindaaken dening tiyang
sepuhipun ingkang dipun ruwat,ugi dipun lajengaken upacara siraman. lajeng
rambut ingkang sampun dipun cukur saget dipun larung sesarengan kaliyan sesajen
ingkang sampun dipun cawisaken.
Wonten ing
wekdal samangke kathah sanget cara cara ingkang kangge ruwatan sukerta,wonten
ingkang cekap kanti donga saking para winasis, wonten ingkang ngangge tanggapan
ringgit lan sakpanunggalanipun
1. Bocah ontang-anting, inggih menika
putra jaler
2. Bocah unting-unting, inggih menika
putra satunggal pawestri
3. Uger-uger lawang, inggih menika
putra kalih jaler sedaya
4. Kembang sepasang, inggih menika
wadon kalih sedaya
5. Gedhana-gedhini, yaiku putra kalih
jaler lan estri
6. Gedhini- gedhana, yaiku putra kalih
estri lan jaler
7. Sendhang kapit pancuran, yaiku putra
tiga ingkang madya pawestri
8. Pancuran kapit sendhang, yaiku puta
tiga ingkang madya jaler
9. Pandhawa lima, yaiku putra dangsal
jaler sedaya.
10. Pandhawa ngayomi, yaiku putra
dangsal estri sedaya.
Bapak ibu ingkang
dahat kinurmatan.
Bilih wotenipun ruwatan
sukerta menika ugi anggadhahi piwulang lan pitutur ingkang sae,antawisipun:
1 upacra ruwatan menika nedahaken raos pepiling supados
menungsa saged kerep sedhekah kangge kasantosan diri.
2 upacara ruwatan menika gegayutan kaliyan pepiling bilih
manungsa kedah ngormati wekdal.
3 upacara ruwatan menika saget dados sarana kangge pepiling
bilih manungsa kedah ngakeni wontenipun dosa dosa ingkang smpun katindaaken,lan
supados saget nyuwu pangapunten dhumateng allah swt,kanti nebihi punapa ingkang
dados laranganipun lan nglampahi inkang dados utusanipun.
Bapak,ibu
ingkang bagya mulya, mekaten kala wau andaran saking kula lan saged dipun pundhut dudhutanipun bilih ruwatan menika kelebet tradisi ingkang
luhur pramila menika mangga kaula sedaya sageta nglestantunaken wonenipun
tradisi ruwatan sukerta menika supados tradisi tradisi menika saget tansah
ngrembaka wonten ing tlatah mbojonegoro mliginipun wonten ing ds.pilangsari kec
kalitidu menika.
Sedaya
ingkang sampun kepareng rawuh kula kinten cekap semanten atur kula ngrumaosi
kirang pinter anggen kula ngrakit tembung sarta kirang arum bausastra kula,
pramila sewu angenging samudra pangaksama, ing wasana nuwun. mugi-mugi kita
saget pepanggihan malih ing wekdhal sanesipun. Mugi-mugi andharan saking kula wonten
paedhahipun dhumateng kuta lan panjenengan sedaya.matur nuwun Sugeng siyang.
Wassalamualaikum
wr.wb
0 komentar:
Posting Komentar