MAKALAH
MORFOLOGI
‘’NGENANI PANAMBANG ‘’-an’’
Dening :
RIO
ASTRA
13020114010
2013 A
UNIVERSITAS
NEGERI SURABAYA
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
JURUSAN
PENDIDIKAN BAHASA
DAN SASTRA DAERAH
2014
ATUR PANGIRING
Puja lan puji syukur kula aturaken dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah ingkang akarya jagad, ingkang sampun paring karaharjan,
kabegjan ugi kasarasan saengga kula saged ngrampungaken makalah punika kanthi
saestu.
Makalah punika dipunserat kagem piranti tugas mata kuliah Morfologi saking Bp. Murdiyanto. Makalah punika nggadhahi
irah-irahan “Proses Morfofonemik : Sufiks
{-an”. Penyerat mangertosi
bilih anggenipun nyerat makalah punika tebih saking kasampurnan, pramila
panyerat nyuwun kritik ugi saran kagem kasampurnanipun ing dinten
tembe.
Mugi-mugi
makalah punika wonten ginanipun tumraping para pamaos ugi prakadang sadaya.
Surabaya, 24 Desember
2014
Panyerat
DAFTAR
ISI
Atur
Pangiring ................................................................................................. i
Daftar
Isi .......................................................................................................... ii
BAB I PURWAKA .............................................................................. 1
1.1 Lelandhesan Panliten .................................................................. 1
1.2 Undering Panliten ....................................................................... 3
1.3 Tujuwan Panliten......................................................................... 3
BAB II TINTINGAN KAPUSTAKAN .............................................. 4
2.1 Pangertene Morfofonemik .......................................................... 4
2.2 Jinis Proses Morfofonemik ......................................................... 5
2.3 Proses Morfofonemik Sufiks {-an}............................................. 7
BAB III ISI ............................................................................................... 9
3.1 Analisis Sufiks {-an} .................................................................. 9
BAB IV PANUTUP................................................................................. 16
4.1 Dudutan ...................................................................................... 16
KAPUSTAKAN ............................................................................................ 17
BAB
I
PURWAKA
1.1 Landhesan Panliten
Morfologi
yaiku saperangan saka ilmu basa utawa kang sinebut linguistik. Morfologi iku nyinaoni babagan asal usule bentuk utawa struktur tembung. Nanging, morfologi uga ngandharake babagan asal
usul bentuke tembung sarta fungsi-fungsi kang owah saka wujud tembung iku.
Fungsi iku bisa fungsi gramatik utawa
fungsi semantik, (Ramlan, 1987:11).
Nalika didelok kanthi cara etimologi, tembung morfologi asale saka tembung morf kang tegese ‘bentuk’ lan tembung logi kang tegese ‘ilmu’. Dadi kanthi
cara harfiah, morfologi nduweni teges ilmu ngenani bentuk-bentuk tembung.
Sajroning kajian linguistik, morfologi nduweni teges ilmu kang
ngandharake babagan bentuk lan cara ngasilake bentuk tembung. Dene, ing kajian biologi, morfologi iku ngandharake babagan bentuk-bentuk sel tanduran utawa jasad-jasad urip. Ing antarane kajian linguistik lan kajian biologi
padha-padha ngandharake babagan bentuk, (Chaer, 2008:3)
1.2 Undering Panliten
Undering
panliten ing sajrone makalah iki, yaiku :
1. Apa
kang diarani proses morfofonemik?
2. Apa
bae jinise proses morfofonemik?
3. Kepriye
proses morfofonemik sufiks {-an}?
1.3 Tujuwan Panliten
Tujuwan saka panulisan makalah iki,
yaiku :
1. Kanggo
mangerteni apa kang diarani proses morfofonemik.
2. Kanggo
mangerteni apa bae jinise proses morfofonemik.
3. Kanggo
mengerteni kepriye proses morfofonemik sufiks
{-an}.
BAB
II
TINTINGAN
KAPUSTAKAN
2.1 Pengertene
Morfofonemik
Morfofonemik yaiku cabang linguistik kang ngandharake owah-owahane swara kang dijalari dening
anane pangelompokan morfem. Morfofonemik nyinaoni babagan variasi-variasi kang ana ing struktur
fonemik alomorf-alomorf minangka jalaran pangelompokan dadi tembung, (Ahmad
Slamet, 1982:69). Samsuri (1982:201), ngandharake yen morfofonemik iku salah sawijining ilmu kang nyinaoni babagan
owah-owahan fonem kang dijalari anane
sesambungan antarane rong morfem utawa
luwih sarta pemberian tandha-tandhane.
Prawirasumantri (1986:37), menehi tuladha kanggo
njlentrehake babagan morfofonemik yaiku
kanthi cara nemokake morfem ber- karo
morfem ajar ngasilake bentuk ‘belajar’.
Ing sajrone proses morfologis iki ana
owah-owahan saka /r/ dadi /l/. Morfem
meN- yen digabungake karo ‘lihat’ dadine
‘melihat’. Ing kene swara /N/ ilang
dadi me-. Owah-owahan swara jalaran
anane pertemuan antarane rong morfem utawa
luwih diarani morfofonemis, dene
tandha huruf gedhe ing meN- kang ana
ing ralitas fonemis bisa arupa
saperangan swara fonem kang diarani morfofonem, lan ilmu kang ngandharake
babagan iku diarani morfofonemik.
2.2
Jinis Proses Morfofonemik
Miturut
Abdul Chaer (2008:43), owah-owahan fonem sajrone
proses morfofonemik ana 5 wujud,
yaiku :
1.
Pamunculan fonem
2.
Palesapan fonem
3.
Paluluhan fonem
4.
Owah-owahan fonem
5.
Pergeseran fonem
Dene miturut Ramlan (1983:83), proses morfofonemis iku diperang dadi 3 macem. Proses iku yaiku (1) Proses owah-owahan fonem; (2) Proses Panambahan fonem;
(3) Proses ilange fonem.
Kridalaksana,
ngandharake yen owah-owahan fonem kang
kedadeyan jalaran saka anane morfem kang
tinemu karo morfem iku bisa kalebu
ing sajrone 10 proses, yaiku :
1.
Pamunculan fonem
2.
Pengekalan fonem
3.
Pamunculan lan pengekalan fonem
4.
Pergeseran fonem
5.
Owah-owahan lan pergeseran fonem
6.
Pelesapan fonem
7.
Peluluhan fonem
8.
Penyisipan fonem kanthi cara historis
9.
Pemunculan fonem miturut pola basa asing
10.
Variasi fonem basa sumber
2.3
Proses Morfofonemik Sufiks {-an}
Kanggo mangerteni prakara morfofonemik perlu dipahami konsep ngenani morfem, morf, lan alomorf sarta
proses owah-owahan fonem, panambahan fonem lan ilange fonem luwih dhisik, (Ramlan, 1983:83).
Morfem,
morf lan alomorf
yaiku ana ing sajrone morfologi. Miturut Ramlan (1983:32), morfem yaiku satuan gramatik kang paling cilik; satuan gramatik kang ora nduwe satuan liya minangka unsure. Dene Chaer
(2008:13),
BAB III
ISI
3.1
Analisis Sufiks {-an}
Kaya dene basa Indonesia, ing basa Jawa
uga ana kang diarani proses morfofonemik.
Basa Jawa uga ngenal apa kang diarani morfem,
afiks, lan sapanunggalane. Bentuk (utawa morfem) terikat kang digunakake kanggo ngedhukne tembung iku
diarani afiks utawa imbuhan, (Alwi dkk., 2003:31).
Panambang utawa sufiks –n ing basa krama malih dadi –aken. Ing kaanan kang resmi, upamane,
ing upacara adat utawa rembug desa, panambang –aken kerep kaenggo. Ananging, ing kaanan kang ora resmi, panambang
–ake kang kerep kaenggo. Tembung
lingga kang pungkasane awujud vokal
lan dipanambangi –ake bakal malih dadi
–kake. Ananging, tembung lingga kang
wekasane awujud konsonan lan
dipanambangi –ake, panulise ajeg ora
ngalami owah-owahan apa-apa, (Sasangka, 2011:79).
Tuladhane :
· Tembung
lingga kang pungkasane awujud vokali dipanambangi an.
o
Vokal
i + an = -en
1. An
+ klambi è klamben
a. Bentuk
Tembung klambi sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi klamben.
b. Makna
Tembung klamben
nduweni makna gawe klambi.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses derivasi
amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi tembung
kriya.
o
Vokal
a + an = - an
2. an + gawaè gawan
a. Bentuk
Tembung gawa sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi gawan..
b. Makna
Tembung gawa nduweni makna gawa samubarang
Sawise oleh sufiks -an malih owah dad gawan.
c Fungsi
Tuladha ing gawa
ngalami proses Derivasi amarga
ngalami owah-owahan yaiku saka tembung
kriya dadi tembung Aran.
3. Sepatu + an = sepaton
a. Bentuk
Tembung
sepatu sawise oleh sufiks –an ngalami owah-owahan sepaton
b. Makna
Tembung
sepatu nduweni makna sapatu sing gi gawe neng sikil sawise oleh sufiks –an
malih owahan dadi sepaton.
Fungsi
Tuladha
ing sepatu ngalami proses derivasi amarga ngalami oawah-owahan yaiku tembung
aran dadhi tembung kriya.
4 -an + sarung è sarungan
a. Bentuk
Tembung sarung sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi sarungan.
b. Makna
Tembung sarung nduweni makna barang kang digawe
sholat.
Sawise
oleh sufiks -an malih owah dadi sarungan.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba transitif).
· Tembung
lingga kang wekasane awujud konsonan
lan dipanambangi –an, panulisane ajeg
ora ngalami owah-owahan apa-apa.
5
-an + kubur è kuburan
a. Bentuk
Tembung kubur sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi kuburan.
b. Makna
Tembung kubur nduweni makna panggenane wong
mati. Sawise oleh sufiks -an malih owah dadi kubuaran.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif).
6
-an+ campur è campuran
a. Bentuk
Tembung campur sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi campuran.
b. Makna
Tembung campur nduweni makna barang sing bisa di
campur-campur.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif).
·
7 -an + gambar è gambaran
a. Bentuk
Tembung gambar sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi gambaran.
b. Makna
Tembung gambar nduweni makna wujud utawa bentuk
gambaran saka samubarang. Sawise oleh sufiks
-an malih owah dadi.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif).
· 8
Tembung kang wekasane awujud huruf n
lan dipanambangi –ake, panulisane
ngalami owah-owahan yaiku wekasane dadi vokal.
1. -an+ paitakon è pitakonan
a. Bentuk
Tembung korban sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi pitakonan.
b. Makna
Tembung pitakon nduweni makna wong kang gak
cetha takon neng wong liya.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif)
9
-an+ kilo è kilon
a. Bentuk
Tembung kilo sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi kilon..
b. Makna
Tembung kilo nduweni makna ukuran isa gawe bobt
isa gawe jarak.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif).
10
-an + dolan è dolanan
a. Bentuk
Tembung dolan sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi dolanan.
b. Makna
Tembung dolan nduweni makna nindakake pakaryan.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif).
11
-an + jejer è jejeran
a. Bentuk
Tembung jejer sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi jejeran.
b. Makna
Tembung jejer nduweni makna sandhingan.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif).
·
12 -an + bunder è bunderan
a. Bentuk
Tembung bunder sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi bunderan..
b. Makna
Tembung bunder nduweni makna rupa bunder sing
gak ana pojoke.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses derivasi
amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kahanan dadi
tembung aran.
·
13 -an+ alus è alusan.
a. Bentuk
Tembung alus sawise oleh sufiks -an ngalami
owah-owahan bentuk dadi alusan..
b. Makna
Tembung alus nduweni makna sipat utawa kaanane
samubarang kang alus. Sawise oleh sufiks
-an malih owah dadi alusan maknane owah dadi ndadekake utawa
nggawe samubarang dadi kaya kang sinebut ing bentuk dhasare utawa alus.
c. Fungsi
Tuladha
ing ndhuwur ngalami proses infleksi
amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi
tembung kriya tanduk mawa lesan (verba
transitif).
14
-an + jaran è jaran
A Bentuk
Tembung
jaran sawise oleh sufiks -an ngalami owah-owahan bentuk dadi jaranan.
B Makna
Tembung
jaran nduweni makna dolanan kang
rupane padha karo jaran.
C Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses infleksi amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka
tembung aran dadi tembung aran.
15
-an +pandhe è pandhen
A Bentuk
Tembung
pandhe sawise oleh sufiks -an ngalami owah-owahan bentuk dadi pandhen.
B Makna
Tembung
pandhe nduweni makna gawe barang
landep.
C Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses infleksi amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka
tembung aran dadi tembung aran.
BAB
IV
PANUTUP
4.1
Dudutan
Saka andharan kang wus diandharake ing bab-bab ing nduwur
mau, bisa didudut yaiku :
1. Sing diarani proses morfofonemik yaiku cabang linguistik kang nyinaoni babagan
owah-owahane swara kang dijalari saka anane pangelompokan morfem.
2. Jinise proses morfofonemik sajroning basa Jawa iku kaperang dadi (1) Proses owah-owahane
fonem; (2) Proses panambahan utawa
pambubuhan fonem; (3) Proses ilange fonem.
3. Dene
proses morfofonemik sufiks –an yaiku tembung lingga kang
pungkasane awujud vokal lan
dipanambangi –an bakal malih dadi
owah kayata –a+an=-an, -o+-an =-on, -i+an=-en –u+-an=on. Ananging, tembung lingga kang wekasane awujud konsonan lan dipanambangi –an, panulise ajeg ora ngalami
owah-owahan apa-apa, (Sasangka, 2011:79). Panambang utawa sufiks –ake ing basa krama malih dadi –aken. Ing kaanan kang resmi, upamane, ing upacara adat utawa
rembug desa, panambang –aken kerep
kaenggo. Ananging, ing kaanan kang ora resmi, panambang –ake kang kerep kaenggo. Sufiks
–ake iku uga nduweni fungsi kanggo mbentuk tembung kriya transitif, tegese yaiku tembung kriya
kang subyeke nglakoni pakaryan utawa
mbutuhake obyek, (Murdiyanto,
1991:56).
KAPUSTAKAN
Alwi,
Hasan, dkk. 2000. Tata Bahasa Baku Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.
Chaer,
Abdul. 2003. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta.
Chaer, Abdul. 2008. Morfologi Bahasa Indonesia (Pendekatan
Proses). Jakarta: Rineka Cipta.
Mangunsuwito,
S.A. 2002. Kamus Bahasa Jawa. Bandung:
CV Yrama Widya.
Murdiyanto. 1991. Fungsi
Proses Pembubuhan Afiks Bahasa Jawa.
.
0 komentar:
Posting Komentar