This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Minggu, 11 Januari 2015

proses latiyan karawitan



hallo Mas/mbak tepangaken nami kula Rio Astra. cerita iki tak alami nalika aku lan kancaku isih semester 3 nek saiki wes semester 4. aku sak kanca-kancaku iku jurusan pendidikan basa lan sastra jawa sing ana neng Fakultas Bahasa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya. wiwit latiyan karawitan semester 2. aku biyene ya gak cetha apa iku jenenge alat gamelan jawa.
contone kaya demung, saron, peking, bonang babok, bonang penerus, lan liya-liyane. nanging nalikane ngancik semester 3 aku wis ngerti piranti gamelan siji baka siji. Gamelan kuwi piranti musik sing diduweni wong jawa. unine sing kalem isa nreyuhake atine sapa wae kang ngrungokake. genre sajroning karawitan ya beda-beda, ana sing kalem ana uga sing ngbit, kaya ta lancaran. jinis lancaran daksinaoni ning semester 3, sabanjure ana sekaran. bonang babok lab panerus awit ngrasa kabingungan, merga tangan - tangan kudu imbalan. ee ancene isih sinau ya kaya ngono iku kahanane sing tak paling tak senengi suarane peking sing melambung nduwur neng udara tan saya tipis suwarane. subhanallah.. :)
kula minangka ketua kelase, wayah latiyan karawitan iku pancen susah ngatur arek akeh. soale kenapa wayah jam e latiyan ana sing tekane telat ana sing gak urusan. kadang gelem budhal latiyan wayah nabuh gamelane iku wajah e bad mood. nanging alhamdulilah wektu shotingan tugas saking dosen dikon garap lagu Karyane kanca sakelasku lan lagu sing wes dadhi karangane wong liya kayata aja dipleroki, lesung jumengglung, jago kluruk lan liya liyane ya ora mung gampang ancene bocah isih latiyan dadhi hasile ya ra apik nanging ya lumayan neng kelas 2013 A ora kabeh nduwe bakat neng seni ya ana sing latiyan wiwit 0 sampe limayan isa. komitmen, kebersamaan, lan solidaritas keluwargaku 2013  A bisa ngerampungake tugase sae kanthi ora ana alangan punapa ke mawon.
nek kepengen ndeleng klik Youtube Sanggar Bharada 2013 A. Vidione saged di tingali  klik Unesa PBS Shanggar Bharada 2013 A - Jebule lara. Matur agunging samudera pangapsami.!!

Ukara Tanduk









MAKALAH SINTAKSIS
UKARA TANDUK





DENING:
Rio astra
2013 A / 13020114010




JURUSAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Atur  Pangiring

            Puji lan syukur konjuk dhumateng ngarsaning Gusti ingkang murbeng dumados, amargi kanthi rahmad saha hidayahipun saengga makalah ukara tanduk menika saged rampung kasusun.
            Makalah punika, wosipun ngrembag ngengengi ukara tanduk langkung jlentreh. Anggenipun ngrampungaken makalah menika boten lepad saking panyengkuyung saking Bapak Surana minangka dosen Sintaksis.
Panyerat nglenggana, bilih pandhapuking makalah menika kathah ingkang sisip, tebih saking sampurna. Ingkang punika, panyaruwe saha sumbang surung para lebda, panyerat tansah ngantu-antu lan ngaturaken gunging panuwun.
Saking kiranging kasampurnaning makalah menika taksih sumimpen pangimpen lan panganja-anja, mugi-mugi pamaos saged kaparingan kathah ngelmu saking makalah menika. Matur Nuwun.

                                                                                                                                   

                                                                                    Surabaya, 14  November 2013



   Rio Astra

                                                    



































                                                       
BAB I
BEBUKA

1.1  Lelandhesane Panliten
Wong urip mono mesthi duwe gagasan utawa rasa-pangrasa apa bae, kayata bungah, susah, gumun, kaget, lan sapanunggalane, sok banjur rasa pangrasa iku mau dibabarake. Saranane nglairake rasa-pangrasa utawa karepe ati iku mau akeh banget, ana arupa guneman lan sarana tulisan. Nanging neng kene panulis nyoba ngrembug ngenani ukara tanduk. Ukara tanduk asring diucapke dening para manungsa. Nanging kepriya dumadine ukara tanduk iku menawa durung akeh sing mahami utawa ngerteni kanthi gamblang.
Mula iku panulis nduweni kekarepan nulis makalah iki kanthi jangkep, lan bisa agewe bahan para kanca-kanca nyinaoni ngenani ukara tanduk.
1.2  Underane panliten
1.      Apa sing diarani sintaksis?
2.      Apa apa sing diarani gatra (frase)?
3.      Apa sing diarani ukara gatra (klausa)?
4.      Apa sing diarani ukara ?
5.      Apa sing diarani tembung ancer-ancer?
6.      Apa sing diarani tembung kriya?
7.      Apa sing diarani tembung kaanan?
8.      Apa sing diarani tembung aran?
9.      Apa sing diarani ukara tanduk?
10.  Sebutna tuladhane ukara tanduk, sarta jlentrehna analisis ukarane!
1.3  Tujuwane Panliten.
1.      Ngandharake pangertene ukara tanduk.
2.      Ngandharake ciri-cirine ukara tanduk.
3.      Ngandharake wujud lan analisise ukara tanduk.

BAB II
1.2.1        Pangertene Sintaksi
Sintaksis asale sak basa Walanda “syintaxis”. Ing basa inggris bisa digunakake “syntax”. Sistaksis yaiku bageyan utawa cabang saka ilmu basa ingkang ngrembag babagan wacana, ukara, klausa lan frase. (Ramlan, 2001).
Ora beda teka iku, (Tarigan, 1984) nerangake manawa sintaksis iku salah sawijining cabang tata basa sing ngrembag structure ukara, klausa uga frase.
1.2.2        Pangertene gatra (frase)
Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.  Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati wewatesaning  jejer apa dene wasesa.
Frase miturut kamus Basa Indonesia yaiku panggarbane rong tembung utawa luwih ingkang asipat nonpredikatif(nonwasesa). Frase yaiku satuane konstruksi saka rong tembung utawa luwih sing ndadekake siji kasatuan. (Keraf, 1984:138).
Frase uga duweni teges minangka satuan gramatikal kang bisa arupa panggarbane tembung sing asipat nonpredikatif, utawa bisa kasebut panggarbane tembung sing bisa ngisi salah sijine fungsi sintaksis ing sajroning ukara. (Chaer, 1991:222).
Miturut Prof. M. Ramlan, frase yaiku satuan gramatik sing kadadean saka siji tembung utawa luwih lan ora ngluwehi wewatesane fungsi utawa jabatane. Tegese, saakeh-akehne tetembungan, nanging ora ngluwihi wewatesane jejer, wasesa, lesan, katrangan, lan uga panggenah, yaiku bisa kasebut frase. (Ramlan, 2001:139)
1.2.3        Pangertene ukara gatra (klausa)
(Kridalaksana, 1982:85), kalusa yaiku satuan gramatikal arupa tetembungakn sakurang-kurange ana jejer lan wasesa uga nduweni tujuwan ndadekake ukara.
Teges padha diterangake kaliyan (Ramlan, 1981:62), klausa yaiku satuan gramatik sing kadedean saka wasesa, uga bisa diwenehi jejer, lesan, panggenah, lan katrangan utawa ora. Kanthi ringkes, klausa yaiku (jejer), wasesa, (lesan), (panggenah) uga (katrangan). Tandha kurung menika bisa ana bisa ora.
Saka pangertine ing dhuwur, klausa yaiku satuan gramatikal sing unsure-unsure iku paling ora duweni jejer lan wasesa, lan maksimale duweni jejer, wasesa, lesan, panggenah uga katrangan.
1.2.4        Pangertene ukara
Tegesipun ukara wonten ing Paramasastra Gagrag Anyar Bahasa Jawa (2001:140) yakuwi “ukara iku mujudake rerangkening tembung kang bisa ngundharake sawijining karep ganep sabab”.
Saliyane kuwi, ukara bisa nggadahi teges basa kang bisa ngadeg dhewe, bisa dijlentrehna dadi rerangkeane tetembungan kang bisa diwenehi tandha intonasi akir lan duweni klausa. (Dr. Endang Nurhayati, M.Hum &Siti Mulyani, M.Hum, 2006:122).
Ukara uga diarani wedharing gagasan kang kalairake sarana basa utawa tetembungan, kang uga kena ditembungake : kumpulaning tembung-tembung kang mangku gagasan, karep utawa pangrasaning ati kang kalairake. Ukara kang wujuding basa lisan, dibarengi anane wirama, diselani andhegan, lan kapungkasan pada kang mratandhani manawa wedharing gagasan iku wus rampung. Mula saka iku, bisa diandharake manawa ukara iku salah sawijining dhapuring paramasastra kang genep, kang ora dadi perangan dhapuring paramasastra liyane kang luwih rewa, lan darbe cirri wirama kang tuntas, kang ngandharake manawa dhedhapuran iku wus rampung. (Rahmad Subagya, Titi Ukara Basa Jawa, 2011:05)
1.2.5        Pangertene tembung ancer-ancer
Tembung ancer-ancer “ing” ana sing kena dienggo bebarengan karo tembung “ana”lan ana sing ora kena ditambahi, tuladhane:
Sing kena: Nyawang lintang ana ing langit. Sing ora kena: Malinge disuduk ing keris mandi.
Tembung ancer-ancer “ingdhusun krajan” klebu tembung ancer-ancer sing kena dibarengi karo tembung “ana”Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127.
Ing kalebu tembung ancer-ancer. Tembung ancer-ancer uga diarani tembung sasana, yaiku tembung kang dienggo ngancer-anceri apa-apa mungguh ing : asale, enere, wektune, sababe utawa sasanane (sasana = panggonan). Tuladha : adhiku lagi mulih saka Tuban (asal), ambyah nedya menyang alun-alun (acer-ancer), mardikane Indonesia wiwit ing taun 1945 (wektu), ibu olah-olah ana ing pawon (sasana), akeh rajakaya sing mati dening banjir (sabab). Purwaning tembung kang dumunung ing saburine tembung ancer-ancer ‘ing’ kudu diucapake kanthi mbrengengenging aksara irung n,m,ng, utawa ny, kayata : tembung apurwa ‘d, dh, t, utawa th,kanthi mbrengengenging ‘n’. Kayata : ing dalan,unine : ing ndalan, ing dhusun, unine :ing ndhusun, lsp.Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127.
1.2.6        Pangertene tembung kriya
Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa, tumandang gawe. Ana ing ukara, tembung kriya iku kang mratelake wasesa. Kayata : lungguh,mangan,nggawakake lsp.
1.2.7        Pangertene tembung kaanan
Tembung watak utawa tembung kaanan iku tembung kang mratelakake sesipatan utawa kaanane barang. Kayata : ati drengki, sumini ayu lsp.Patmosoekotjo,S paramasastra jawa, 1987:114.
1.2.8        Pangertene tembung aran
Tembung aran yaiku sing nyebutake pawongan utawa samubarang sing mati. Tembung aran kapilah dadi loro, yaiku:
-          aran urip: wedhus, pitik, macan lsp.
-          aran mati: meja, kursi, omah, lan lsp.
1.2.9        Pangertene ukara tanduk
Ukara tanduk yaiku ukara kang kadadeyan saora-orane jejer karo wasesa. Jejer minangka panindake pakaryan. Jejer bisa saka tembung aran, gatra aran, utawa ukara gatra. Yen wasesa saka tembung kriya, gatra kriya.
1.2.10    Tuladhane ukara tanduk:
-          Pak Eko nyetir mobil kanthi banter.
-          Adhiku ngumbah sarung neng jedhing.
-          Andi nggawa tasmu tekan sekolah.
-          Kucinge Sari nggondhol gerih saka pawon.

BAB III
ANALISIS

Ukarane : Pak Eko nyetir mobil kanthi banter.
Analisis Kategorial
-          Pak Eko kalebu gatra aran. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.  Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati wewatesaning  jejer apa dene wasesa. Pak Eko kang kalebu tembung ‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra aran. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule :
Pak Eko

                                                   Pak                                     Eko
Eko kalebu morfem bebas (tembung aran). Kena ngapa kok isa kalebu tembung aran (morfem bebas), kerana bisa madeg dhewe.
-          Nyetir kalebu tembung kriya kang kawuwuhan ater-ater N, saka tembung dasar utawa linggane setir kawuwuhan ater-ater N dadine yaiku tembung nyetir. Saka tembung lingga kuwi mau nduweni guna yaiku ngowahi bakale tembung setir dadi tembung kriya tanduk kang sawise wes kawuwuhan  ater-ater N. Tembung lingga setir iku kalebu jinising tembung aran nanging sawise kawuwuhan ater-ater N- malih jinise dadi tembung kriya.
Nyetir

                                                  Setir                                          N-
Tembung nyetir saka tembung lingga setir oleh ater-ater N- dadi tembung nyetir sing nduweni proses afiksasi ing proses morfologine uga kelebu morfem terikat.
-          Mobil iku kalebu tembung aran. Tembung aran bisa diperang dadi loro, ana aran urip lan aran mati. Tuladhane aran urip kayata wedhus, pitik, bebek, lan sapanunggalane. Dene tuladhane aran mati kayata meja, kursi, kasur, lan sapanunggalane. Cara sing baku gawe nggolongake tembung aran yaiku bisa diwuwuhi ater-ater dudu-. Tuladhane:
1.      Dudu wedhus

dudu wedhus      

                                                   dudu                                     wedhus (tembung aran)
2.      Dudu sapi
 Dudu sapi

                                                dudu                                         sapi (tembung aran)
3.      Dudu meja
dudu meja


                                    dudu                                         meja (tembung aran)
-          Kanthi banter iku kalebu gatra. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.  Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati wewatesaning  jejer apa dene wasesa. Kanthi banter kang kalebu tembung ‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra kaanan. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule :

kanthi banter

                                                  kanthi                                     banter (tembung kaanan)
kanthi iku kalebu tembung pambantu kang nduweni surasa nerangake kaanan (partikel penegas). Tembung kanthi bisa diwuwuhi tembung kaanan lan tembung kriya. Tuladhane :
                                                              kanthi nyawang

                                                kanthi (panerang kaanan)    nyawang (tembung kriya)
       kanthi lancar

                                                  kanthi (panerang kaanan)       lancar (tembung kaanan)
Analisis Fungsional
Pak Eko nyetir mobil kanthi banter
1                 2               3                  4
Pak Eko kelebu jejer. Jejer iku praboting ukara, kang diandharake, kang digunem, kang dicritakake kepriye kaanane, lan mobah mosike. Jejer mujudake kalungguhan ing titi ukara kang dadi bebaku kapindho sawise wasesa. Umume jejer iku arupa tembung aran, gatra aran, utawa ukara gatra. Ananging jejer uga asring arupa gatra kriya. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-          Pak Eko (gatra aran) tuku pitik neng pasar.
-          Kusnadi (tembung aran) dolanan gitar neng kamar.
-          Amrih bisa cepet rampung (gatra kriya) prayoga direntalna wae.
-          Pengin urip(gatra kriya) kudu makarya dhisik.
Umume jejer iku mapan ana ing sakiwane wasesa. Nanging yen praboting jejer iku dawa katandhingake karo praboting wasesa,  jejere asring uga dipapanake ing saburining wasesa. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-          Omah sing madeg ana pinggire kali sansoyo akeh.
-          Sansoyo akeh omah sing madeg ana pinggire kali.
Jejering ukara tanduk malih dadi panggenah manawa ukara iku dadi ukara tanggap. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31) Tuladhane:
-          Pak Eko (jejer) nyetir mobil kanthi banter.
-          Mobil disetir Pak Eko (panggenah) kanthi banter.
Kanthi andharan iku bisa dimangerti manawa jejer iku darbe sipat-sipat:
a.       Dadi prabot bakuning ukara minangka watesing tebane wasesa kang kapisan.
b.      Madeg dhewe
c.       Kadadean saka tembung aran, gatra aran, ukara gatra, utawa tembung-tembung kang wis ginawe aran. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Nyetir kalebu wasesa. Wasesa yaiku sakabehing tembung utawa gatra kang ngandharake jejer ing bab pakaryan, solah, obah, tandang, kaanan, sipat utawa wewujudane, lsp.
Wujud
Pak
Eko
nyetir
Mobil
kanthi
Banter
Tembung
Selulih
aran
kriya
Aran
katrangan
kaanan
Gatra
Gatra aran
kriya
Aran
Gatra kaanan
Kalungguhan
Jejer
Wasesa
Lesa
Katrangan
Pandhapuk
Panindak
tumindak
pananggap
Pandhapuk sarana

Ukarane : Adhiku ngumbah sarung neng jedhing.
Analisis Kategorial
-          Adhiku kalebu gatra aran. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.  Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati wewatesaning  jejer apa dene wasesa. Adhiku kang kalebu tembung andhahan lan bisa diarani gatra aran. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule :
 Adhiku

                                                  Adhiku                                    -ku (tembung sesulih)
Adhi kalebu morfem bebas (tembung aran). Kena ngapa kok isa kalebu tembung aran (morfem bebas), kerana bisa madeg dhewe.
-ku klebu morfem terikat utawa klitik (clitics) yaiku yang secara fonologis tidak mempunyai tekanan sendiri dan yang tidak dapat dianggap morfem terikat karena dapat mengisi gatra pada tingkat frase atau klausa, tetapi tidak mempunyai ciri-ciri kata karena tidak dapat berlaku sebagai bentuk bebas. Ada Enklitik dan Proklitik. Kridalaksana, Harimurti kamus linguistik1983:102
-          Ngumbah kalebu tembung kriya saka bentuk lingga umbah kang kawuwuhan ater-ater N, saka tembung dasar utawa linggane umbah kawuwuhan ater-ater N dadine yaiku tembung ngumbah. Saka tembung lingga kuwi mau nduweni guna yaiku ngowahi bakale tembung umbah dadi tembung kriya tanduk kang sawise wes kawuwuhan  ater-ater N.
Ngumbah

                                                  N-                                          Umbah
Tembung ngumbah saka tembung lingga umbah oleh ater-ater N- dadi tembung ngumbah sing nduweni proses afiksasi ing proses morfologine uga kelebu morfem terikat.
-          Sarung iku kalebu tembung aran. Tembung aran bisa diperang dadi loro, ana aran urip lan aran mati. Tuladhane aran urip kayata wedhus, pitik, bebek, lan sapanunggalane. Dene tuladhane aran mati kayata meja, kursi, kasur, lan sapanunggalane. Cara sing baku gawe nggolongake tembung aran yaiku bisa diwuwuhi ater-ater dudu-. Tuladhane:
1.      Dudu wedhus

dudu wedhus      

                                                   dudu                                     wedhus (tembung aran)
2.      Dudu sapi
 Dudu sapi

                                                dudu                                         sapi (tembung aran)
3.      Dudu meja
dudu meja


                                    dudu                                         meja (tembung aran)
-          Neng jedhing iku kalebu gatra ancer-ancer. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.  Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati wewatesaning  jejer apa dene wasesa. Kanthi banter kang kalebu tembung ‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra kaanan. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule :

neng jedhing

                                    neng(ancer-ancer)                     jedhing(tembung aran)
Neng iku kalebu tembung pambantu kang nduweni surasa nerangake ancer-ancer panggonan. Tembung ancer-ancer bisa digandheng karo tembung aran. Tuladhane:
                                                                        Neng Jedhing

                                           kanthi (tembung ancer-ancer)    jedhing (tembung aran)
         neng pasar

                                                neng (tembung ancer-ancer)      pasar (tembung aran)
Analisis Fungsional
Adhiku ngumbah sarung neng jedhing
1                 2               3                  4
Adhiku kelebu jejer. Jejer iku praboting ukara, kang diandharake, kang digunem, kang dicritakake kepriye kaanane, lan mobah mosike. Jejer mujudake kalungguhan ing titi ukara kang dadi bebaku kapindho sawise wasesa. Umume jejer iku arupa tembung aran, gatra aran, utawa ukara gatra. Ananging jejer uga asring arupa gatra kriya. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-          Pak Eko (gatra aran) tuku pitik neng pasar.
-          Kusnadi (tembung aran) dolanan gitar neng kamar.
-          Amrih bisa cepet rampung (gatra kriya) prayoga direntalna wae.
-          Pengin urip(gatra kriya) kudu makarya dhisik.
Umume jejer iku mapan ana ing sakiwane wasesa. Nanging yen praboting jejer iku dawa katandhingake karo praboting wasesa,  jejere asring uga dipapanake ing saburining wasesa. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-          Omah sing madeg ana pinggire kali sansoyo akeh.
-          Sansoyo akeh omah sing madeg ana pinggire kali.
Jejering ukara tanduk malih dadi panggenah manawa ukara iku dadi ukara tanggap. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31) Tuladhane:
-          Pak Eko (jejer) nyetir mobil kanthi banter.
-          Mobil disetir Pak Eko (panggenah) kanthi banter.
Kanthi andharan iku bisa dimangerti manawa jejer iku darbe sipat-sipat:
o   Dadi prabot bakuning ukara minangka watesing tebane wasesa kang kapisan.
o   Madeg dhewe
o   Kadadean saka tembung aran, gatra aran, ukara gatra, utawa tembung-tembung kang wis ginawe aran. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Adhiku kalebu wasesa. Wasesa yaiku sakabehing tembung utawa gatra kang ngandharake jejer ing bab pakaryan, solah, obah, tandang, kaanan, sipat utawa wewujudane, lsp.


Wujud
Adhi
ku
ngumbah
sarung
neng
jedhing
Tembung
Aran
selulih
kriya
Aran
Ancer-ancer
aran
Gatra
Gatra aran
kriya
Aran
Gatra kaanan
Kalungguhan
Jejer
Wasesa
Lesan
Katrangan panggon
Pandhapuk
Panindak
tumindak
pananggap
Panggonan

Ukarane : Andi nggawa motorku saka sekolah.
Analisis Kategorial
-          Andi kalebu tembung aran. Tembung aran bisa diperang dadi loro, ana aran urip lan aran mati. Tuladhane aran urip kayata wedhus, pitik, bebek, lan sapanunggalane. Dene tuladhane aran mati kayata meja, kursi, kasur, lan sapanunggalane. Cara sing baku gawe nggolongake tembung aran yaiku bisa diwuwuhi ater-ater dudu-.
-          Nggawa kalebu tembung kriya saka bentuk lingga gawa kang kawuwuhan ater-ater N, saka tembung dasar utawa linggane gawa kawuwuhan ater-ater N dadine yaiku tembung nggawa. Saka tembung lingga kuwi mau nduweni guna yaiku ngowahi bakale tembung gawa dadi tembung kriya tanduk kang sawise wis kawuwuhan  ater-ater N.
Nggawa

                                                  N-                                          gawa
Tembung nggawa saka tembung lingga umbah oleh ater-ater N- dadi tembung nggawa sing nduweni proses afiksasi ing proses morfologine uga kelebu morfem terikat.
-          motorku iku kalebu gatra aran. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.  Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati wewatesaning  jejer apa dene wasesa. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Tuladhane:
Wedhusmu

Wedhusmu

                                                   Wedhus (tembung aran)         -mu (sesulih)

Topiku

                                    topi (tembung aran)      -ku (sesulih)
-          Saka sekolah iku kalebu gatra ancer-ancer. Gatra yaiku satuan basa kang kadadeyan saka rong tembung utawa luwih.  Gatra mujudake gandhenge tembung tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirining ukara gatra, utawa kang ora ngliwati wewatesaning  jejer apa dene wasesa. Kanthi banter kang kalebu tembung ‘Andhahane lingga’ lan bisa diarani gatra kaanan. Padmosoekodtjo,S paramasastra jawa 1987:127. Kaya ngene asal usule :

saka sekolah

                                    saka (tembung ancer-ancer)                  sekolah (tembung aran)
Saka iku kalebu tembung pambantu kang nduweni surasa nerangake ancer-ancer panggonan. Tembung ancer-ancer bisa digandheng karo tembung aran. Tuladhane:
                                                                        Saka Jedhing

                                           saka (tembung ancer-ancer)    jedhing (tembung aran)
          saka pasar

                                                saka (tembung ancer-ancer)      pasar (tembung aran)
Analisis Fungsional
Adhiku ngumbah sarung neng jedhing
1                 2               3                  4
Adhiku kelebu jejer. Jejer iku praboting ukara, kang diandharake, kang digunem, kang dicritakake kepriye kaanane, lan mobah mosike. Jejer mujudake kalungguhan ing titi ukara kang dadi bebaku kapindho sawise wasesa. Umume jejer iku arupa tembung aran, gatra aran, utawa ukara gatra. Ananging jejer uga asring arupa gatra kriya. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-          Pak Eko (gatra aran) tuku pitik neng pasar.
-          Kusnadi (tembung aran) dolanan gitar neng kamar.
-          Amrih bisa cepet rampung (gatra kriya) prayoga direntalna wae.
-          Pengin urip(gatra kriya) kudu makarya dhisik.
Umume jejer iku mapan ana ing sakiwane wasesa. Nanging yen praboting jejer iku dawa katandhingake karo praboting wasesa,  jejere asring uga dipapanake ing saburining wasesa. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 30-31). Tuladhane:
-          Omah sing madeg ana pinggire kali sansoyo akeh.
-          Sansoyo akeh omah sing madeg ana pinggire kali.
Jejering ukara tanduk malih dadi panggenah manawa ukara iku dadi ukara tanggap. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31) Tuladhane:
-          Pak Eko (jejer) nyetir mobil kanthi banter.
-          Mobil disetir Pak Eko (panggenah) kanthi banter.
Kanthi andharan iku bisa dimangerti manawa jejer iku darbe sipat-sipat:
o   Dadi prabot bakuning ukara minangka watesing tebane wasesa kang kapisan.
o   Madeg dhewe
o   Kadadean saka tembung aran, gatra aran, ukara gatra, utawa tembung-tembung kang wis ginawe aran. (Titi Ukara Basa Jawa Rahmad Subayo kaca 31)
Adhiku kalebu wasesa. Wasesa yaiku sakabehing tembung utawa gatra kang ngandharake jejer ing bab pakaryan, solah, obah, tandang, kaanan, sipat utawa wewujudane, lsp.


Wujud
Adhi
ku
ngumbah
sarung
neng
jedhing
Tembung
aran
selulih
kriya
Aran
Ancer-ancer
aran
Gatra
Gatra aran
kriya
Aran
Gatra kaanan
Kalungguhan
Jejer
Wasesa
Lesan
Katrangan panggon
Pandhapuk
Panindak
tumindak
pananggap
Panggonan


BAB IV
PANUTUP

1. Dudutan
            Saka andharan ngenani ukara tanduk bisa dijupuk dudutan yen

KAPUSTAKAAN
Adipitoyo, Sugeng, 2011. Morfofonemik Bahasa Jawa. Surabaya: Citra Wacana
Antunsuhono, 1953. Paramasastra Djawi. Jogjakarta: Soejadi.
Poerwadarminta, W.J.S., 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djkarta: Noordhoff Kolff.
Padmosoekotjo, S., 1986. Paramasastra Jawa. Surabaya: Citra Jaya
Padmosoekotjo, S., 1926. Wewaton. Surabya: Citra Jaya Murti
Sudaryanto, Ed., 1991.Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Jogjakarta:Duta Wacana      University Press
Pedjosoedarma,dkk., Soepomo,1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.